Selasa, 18 Maret 2014

Syi'ir Budal Ngaji



Sholli wasallim daa iman alah mada
Sholli wasallim daa iman alah mada
Wal ali wal ashaa biman qod wah hada
Wal ali wal ashaa biman qod wah hada


Eman lo wong Islam, ninggal Sholat wengi
Sak ben dalu turu, ora gelem tangi
Sholat wengi ngono, disenengi Gusti
Sopo gelem nyuwun, pasti di paringi

Sholat limang waktu, ayo podo njogo
Jama’ah nang masjid, bareng sak kluwargo
Ganjarane slawe, celengan suwargo
Malah biso dadi, pitu likur ugo

Yen Sholat kesusu, ora biso pernah
Rukuk lan sujude, ditoto sing genah
Sing khusyu’ lan khudhur, ugo tumakninah
Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunah

Yen rumongso sugih, itungen donyone
Bagiane Zakat, ojo dilalekne
Dulur karo tonggo, sing podo miskine
kabeh podo nunggu, zakat bagiane

Yen karo tonggone, Sing apik atine
Yen kahanan longgar, mikiro butuhe
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Eman lo wong Islam, gelem tuku nomer
tombok saben dino, ko yo ara pener
rumongso wis agan,nanging ora bener
wajib ditinggalno, men ora keblinger

Ayo do ngurangi, nonton televisi
Timbang nonton TV, luweh becik ngaji
“Ahbaabul Musthofa” wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kyai

Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon
Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom
Biso biso malah, nglakoni sing harom
Ilmu gak manfa’at, rusak malah klakon

Lanang karo wadon, podo keluyuran
pamit neng wong tuo,  pamit pengajian
nanging nyatane, malah do pacaran
budal soko ngaji, dooo bonceng-boncengan

Lanang karo wadon, manggon sepi sepi
Nyanding senggal senggol koyo kebo sapi
Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi
Ojo di tindakno, yen durung di rabi

klambine you can see, utowo pres bodi
mbuka aurote, ora nduwe wedi
ngono kuwi podooo, karo mbuka wadi
bakale ne rimo sikso, ne wis mati

yen kahanan longgar, mikiro tonggone
takon neng butuhe, sing kanggo blonjone
sajak perlu utang, enggal paringne
nanging ojo nganti, njaluk anak ane


0 komentar:

Posting Komentar