Selasa, 18 Maret 2014

Syi'ir Tanpo Waton (Gusdur)



Astaghfirulloh...Robbal baroyaa....
Astaghfirulloh...Minal Khothoya....
Robbi zidni..'ilmannafii'aa...
Wawaffiqni...'Amalaan sholicha....

Ya rosulalloh..salam mun'alaik...
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii....
'Athfataiyajii rotal'alaami...
Ya Uuhailaljudiwalkaromi.....2X

Ngawiti ingsun...nglaras syi'iran...
Kelawan muji maring pengeran...
Kang paring rohmat lan kenikmatan...
Rino wengine....tanpo pitungan....2X

Duh bolo konco...prio wanito....
Ojo mung ngaji syare'at bloko....
Gur pinter dongeng nulis lan moco...
Tembe mburine...bakal sangsoro....2X

Akeh kang apal....Qur'an Hadiste...
Seneng Ngafirke marang liyane...
Kafir e dewe Ga' di gatekke...
Yen isih kotor...ati akale...2X

Gampang kabujuk...Nafsu angkoro...
Ing pepaese Gebyare ndunyo....
Iri lan meri sugihe tonggo...
Mulo atine...peteng lan Nisto...2X

Ayo sedulur...Jo nglalekake...
Wajibe ngaji sak pranatane...
Nggo ngandelake iman Tauhide...
Baguse sangu...mulyo matine...2X

Kang aran sholeh...bagus atine...
Kerono mapan sari ilmune...
Laku torekot lan ma'rifate...
Ugo hakekot...manjing rasane...2X

Alqur'an qodim...wahyu minulyo...
Tanpo tinulis iso diwoco...
Iku wejangan guru waskito...
Den tancep ake ing njero dodo...2X

Kumantel ati...lan pikiran...
Mrasuk ing badan kabeh njeroan...
Mukjizat rosul dadi pedoman...
Minongko dalan...manjinge iman...2X

Kelawan Alloh...Kang maha Suci...
Kudu rangkulan rino lan wengi...
Di tirakati di riadhohi...
Dzikir lan suluk jo nganti lali...2X

Urip e ayem...rumongso aman...
Dununge roso tondo yen iman...
Sabar nerimo snajan paspasan..
Kabeh tinakdir saking pengeran...2X

Kelawan konco...dulur lan tonggo...
Kang podo rukun ojo daksio...
Iku sunnahe rosul kang mulyo...
Nabi muhammad...panutan kito...2X

Ayo nglakoni...sekabeane...
Alloh kang bakal ngangkat drajate...
Senajan ashor toto dhohire...
Ananging mulyo makom drajate...2X

Lamun palastro...ing pungkasane...
Ora kesasar roh lan sukmane...
Den gadang Alloh syuargo manggone...
Utuh mayite...ugo ules...2X

Ya rosulalloh..salam mun'alaik...
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii....
'Athfataiyajii rotal'alaami...
Ya Uuhailaljudiwalkaromi.....2X

0 komentar:

Posting Komentar